GURUKU PAHLAWANKU
(Baerotun)
Pribadhimu kebak tuladha
Dhahar, ageman, lan, solahbawa
Kabeh sarwa prasaja
Ora neka-neka
Ora werna-werna
Jam pitu thet wis aweh tandha
Tandha yen wiwit makarya para dwija wiwit adol swara
Swara-swara kang ngumandhangake Kabecikan,kaprigelan, lan kawasisan
Minangka damar kanggo ngayahi myang bebrayan
Panjenengan pancen tlaten
Pakaryanmu kebak kawigaten
Pantes kinakbeten
Nadyan dudu putramu aku
Kok-gulawenthah tanpa ngetung wayah
Kok-gladhi kanthi gemati
Datan lali panjenengan paring wanti-wanti
Kanggo urip bisa mulya mukti
Aku mung bisa nyuwun marang Gusti
Piwalesan ingkang tanpa upami
Karaharjan kawadidan katentreman
Muga tansah pinaringan
Guruku....pahlawanku
4 komentar
komentarMatur Nuwun min, geguritanipun sae.
ReplyTerimakasih. Sering-sering menimba ilmu di Blog kami tkjworld99.blogspot.co.id
ReplyGeguritannya bagus
ReplyTerimakasih
Reply